CONTO GEGURITAN
JAGAD RAYA
(dening: Vallentia Nisrina)
rikala aku bukak mata
aku ora ngira menawa iki nyata
dadi mung impen
aku sadhar iki tenan lan pancen nyata
ing ngarepku katon eloking jagad raya
gunung katon njenggereng gagah
daksawang endahing alam iki
pikiran susah dadi bungah
ati bungah tambah sumringah
puji syukur mring Gusti sing maringi bumi pertiwi
MANGSA PACEKLIK
Tangise pang-pang garing
kang kaprawasa dening angin
tangise lemah-lemah nela
jinemparing dening ketiga dawa
tangise para tani
katinggal mlayu dening Dewi Sri
LANGIT WETAN
(dening: Dyah wahyuni)
Langit wetan kang sumilak padhang
apa bener bakal paring pepadhang?
embuh esuk kang adhem
apa baya bakal kuwawa nyapih
kang lagi bandayuda
kabeh mau mung pengarep-arep
senajan kadhang ing karep
tinimbang kecabalak tanpa lar
cimen tanpa pikir
lan tandang grayang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar